Jahanam - Jula Juli Guru



Aku ngelak tak ombeni ciu
Botole putih njerone biru
Aku seneng dadi guru
Masio mendhem tetep digugu


Wadhuh-dhuh-dhuh cek enake
Ciuku cap guru lan murid
Wadhuh-dhuh-dhuh cek nasipe
Gajiku thitik mung dadi silit


Guru iku conto sing ditiru
Guru iku conto sing digugu
Budhal ngajar jo nganti telat
Tingkah lakune jo no sing keliru


Ilmu guru perlu ditingkatna
Senajan kesel kudu sregep maca
Saiki jamane wis maju berkembang
Guru ra leh kesed ben ra ketinggalan


Guru iku wakile wong tuwa
Dipasrahi ndhidhik anak bisa dadi utama
Mula guru kudu ngadohi penggodha
Uripe sacukupe, sederhana lan prasaja


Bapak - Bapak Ibu - Ibu Mula dulur elinga pepatah iki:
Guru kencing berdiri, murid kencing berlari
Artine, guru tansah eling lan ati-ati
Ojo nganti dheke dhewe sing malah kencing berlari






Aku ngelak tak ombeni ciu
Botole putih njerone biru
Aku seneng dadi guru
Masio mendhem tetep digugu


Wadhuh-dhuh-dhuh cek enake
Ciuku cap guru lan murid
Wadhuh-dhuh-dhuh cek nasipe
Gajiku thitik mung dadi silit


Sekolahku adoh, hondaku tahun pitu lima
Disetater macet, eeh..kabulatore nggodha
Mula ku ra iso ora iso teko
Te’ng..pas jam pitu kurang lima


Aku wajib nagih SPP muridku
Nek nganti telat diseneni pimpinanku
Neng anakku dhewe nangis nganti kaku
Mergo sekolahe durung tak bayar ping telu


Mbengi kudune ngoreksi, malah tak gawe nyambi
Ngojek neng jurusan Brebah Gendhingsari
Bali tekan bengi awak kesel njaluk prei
PR murid-muridku ra sido tak koreksi


Jare dadi guru panggilan sing mulia
Nek kanggoku, guru nasib sing rekoso
Nasibe wong cilik sing kudu sengsoro
Ra iso disingkiri mung kudu ditrima


Aku ngelak tak ombeni ciu
Botole putih njerone biru
Aku seneng dadi guru
Masio mendhem tetep digugu


Wadhuh-dhuh-dhuh cek enake
Ciuku cap guru lan murid
Wadhuh-dhuh-dhuh cek nasipe
Gajiku thitik mung dadi silit


Timbang mikir nasib susahe
Trima mendhem mbangane luwe
Ilmu ilang kesingsal-singsal
Aku miber neng awang-awang


Tambah bengi ora tambah sepi
Tambah anget tambah menari
Dadak teko rombongan pulisi
Ana gropyokan kabeh mlayu wedi


Aku mlayu sandhalku keri
Kesusu malah nabrak

0 comments:

Posting Komentar